Apa Anane Bae…
Kang Mas lan Mbekayu………
Nang endi nggon…apa sih di golet selawase nang alam dunya…
mbok sing digolet..kepriwe carane ben bisa urip kepenak..
Penjaluke mestine mbok urip kepenak dunya lan akhirat,,,
kaya kuwe mbok kang???
kaya kuwe mbekayu???
Gegayutan karo sing wis tak omongna nang nduwur miki…
mayuh pada urip sing apa anane…
ananging banjur mung neng2an thok ora gelem usaha…
ya ora kaya kuwe!!!
kuwe jenengane males!!
sing tek maksud ngenyonk…
mayuh usaha sekuat tenagane awake dewek…trus diirngi do’a maring sing gawe urip…ya kuwe Gusti Alloh SWT….
Sing keri dewek ya mung gari pasrah maring sing Kuasa….moga2 pengarep2e awake dewek bisaa diijabahi…
amiiien….
Nang njerone kitab suci alQur’an uga wis di sebutaken…
Gusti Alloh SWt ora bakal ngubah kahanane salah sijine kaum sedurunge kaum kuwe ngubah nasibe dewek….
ya kuwe mau namung go pengeling-eling sekabehane…utamane sing pada ngerti karo bahasane nyonk kiye…
semene dingin ya…
moga2 migunani karo sapa bae sing maca lan sing gelem crita karo kancane..
wslmkm wr wb